Syair Jawa Keutamaan Sholat Tarawih Tanggal 1 sampai 30 Ramadhan Karya K.H.Hisyam Abdul Kariem

Daftar Isi
Syair dengan bahasa jawa yang di anggit atau di karang oleh Syaikhina K.H. Muhammad Hasyim bin Abdul kariem pendiri Pondok Pesantren Sukawarah Kalijaran, Karanganyar, Purbalingga, Jawa Tengah tentang keutamaan sholat tarowih.

K.H. Muhammad Hisyam merupakan Ulama Besar dan terkenal dengan sebutan Mbah Hisyam Kalijaran, beliau menjadi tokoh ulama dan aktif dalam Organisasi NU sampai pernah menjadi Rois Syuriyah PC NU Kabupaten Purbalingga.

K.H.Muhammad Hisyam Abdul Kariem saat kondur setelah menunaikan ibadah Haji ( Foto: Dok.Pondok Pesantren Sukawarah)

Bismillahirohmanirrohiim

• Sholatulloh salamulloh 'ala thoha Rosulillah # Sholatulloh Sala mulloh 'ala yasiin habibillah.

• Tarweh tanggal siji iku Kabeh dosa pada metu # Kaya bayi nembe metu sangka padarane ibu.

• Traweh tanggal kaping pindo dosane dipangapuro # Dosane deweke ugo dosane wong tua loro.

• Traweh tanggal kaping telu rugi banget yen ora melu # Dosa kang wis keliwat iku dingampura aja ragu.

• Tanggal ping pat nampa ganjaran sangka ngarsane pengeran # Kaya maca sa'hataman taurat zabur injil quran.

• Tanggal kaping lima genah kaya sholat ana mekah # Uga kaya sholat sunnah ana ing masjid madinah.

• Tarweh tanggal nenem iku nyuwunake ngampura watu # Lamon traweh tanggal pitu nabi musa perang mbantu.

• Tanggal wolu ganjarane kaya kang di paringake # Marang ibrohim nabine Ingkang brantas berhalane.

• Trawih tanggal sanga kaya ngibadahe nabi kita # Tanggal sepuluh rizqi dunnya uga rizqi ing ngalam baqa.

• Tanggal sewelas kaya nembe lahir sangka weteng ibune # Tanggal rolas mbesuk rahine kaya tanggal purnamane.

• Tanggal telulas selamet ana ing dina qiyyamat # Tanggal pat belas malaikat pada nyuwunake rohmat.

• Tanggal limolas malaikat pada mbantu ora di landrat # Tanggal nembelas alloh nyatet bebas sangka neraka hajat.

• Tanggal pitulas di paringi kaya ganjarane nabi # Tanggal wolulas di paringi karidlon dening ilahi.

• Tanggal sangalas alloh ngangkat Ing suwarga firdaus tinggat # Tanggal rong puluh alloh nganggkat kaya para syahid wafat.

• Selikur diparingi umah ing suwarga ingkang mewah # Rolikur alloh paring bungah aman ora tahu susah.

• Telulikur manggon kota ing suwarga suka riyya # Patlikur donga ditrima akehe patlikur werna.

• Traweh tanggal ping selawe arep ilang siksa kubure # Traweh tanggal nem likure diganjar patang puluh tahune.

• Tanggal pitulikur liwat ana shirath kaya kilat # Tanggal wolulikur diangkat ing suwargo sewu drajat.

• Tanggal sangalikur kaya sewu haji kang ditrima # Tanggal telung puluh pada, mangan woh wohan suwarga.

• Hey muslimin muslimat ayo bareng bareng sholat # Traweh rongpuluh rokaat Saben bengi ojo telat.

-Penulis : Ahmad Prayitno salah satu santri alumni Pon-Pes Sukawarah Roudlotusdholichiin Kalijaran.