MC Pengajian Isra Mi'raj atau Rajaban bahasa Jawa

Daftar Isi

  Berikut ini contoh teks pembawa acara atau MC untuk pengajian isra mi'raj nabi Muhammad Saw dengan menggunakan bahasa Jawa.

Sebentar lagi kita akan memperingatinya pada tanggal 18 Februari 2033 mendatang yang bertepatan dengan terjadinya isra mi'raj 27 Rojab 1444 Hijriyah.

Pembawa acara saat pengajian, isra mi'raj tahun 2023 

السلام عليكم ورحمة الله  وباركاته

الحمد لله رب العا لمين والصلاة والسلم على اشرف الانبياء والمرسلين وعلى اله وصحبه اخمعين امبعد

Dumateng poro ‘alim ‘ulama, poro sepuh tuwin pinesepuh,ingkang tansah kawulo mulya aken,  dumateng  jajaran pengurus madin ..........,ingkang kawulo mulya aken lan kawulo hormati, dumateng Bapak Ustad Achmad Prayitno,selaku pengasuh TPQ & madrasah diniyah Takmiliyah ........, ingkang tansah kawulo mulyaaken lan ingkang tansah kawulo adong-adong berkah ‘ilmunipun.ugi dumateng bapak/ibu wali santri putra menopo dene putri,madin tpq i.......,ingkang kawulo hormati,

 Bapak-bapak ibu-ibu poro pilengah sedoyo kaum muslimin muslimat,Teman teman kami Senasib Seperjuangan Yang kami Cintai dan Kami Banggakan.

Sepisanan monggo kito nguntapaken raos syukur dumateng ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, setengah saking kanikmatan meniko kito sedoyo teksih pun paringi kesehatan, kewarasan, hidayah, iman lan islampun. Kanti kenikmatan kolo wau kito saged karoyo-royo makempal wonten ing majlis meniko kanti mboten wonten alangan setunggal menopo. Lan mugi-mugi iman islam kito sedoyo saged tansah langgeng istiqomah awit saking alam dunya dumugi mbenjang wonten ing akhiroh. Allohuma amiin.

Sholawat sarto salamipun Allah mugio tansah konjuk dumateng ngarsonipun piyagung Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah mbekto kito saking alam jahiliyah dumugi alam islamiyah meniko, Ingkang bade nyafa’ati dumateng umatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Lan mugi-mugi kito sedoyo saged tergolong umat ingkang pikantuk safa’atipun Gusti Rosulullah SAW mbenjang wonten ing yaumul qiyamah, Amiin allohuma amiin.

Hadirin khadirot kaum muslimin muslimat rohimakumulloh .....

Adicoro pengaosan mengeti maulid Naabi Muhammas saw selasa kliwon,madin irsyadul’awwam desa sidanegara,tanggal 3 sasi Rabi’ul awwal tahun1437 Hijriyah, bertepatan kaliyan tanggal 21 sasi Desember tahun 2015 Masehi bade kawiwitan, anaging saderengipun, kawulo bade maosaken rantaman adicoronipun :

1.       Adicoro sepisanan inggih meneiko pembukaan.

2.       Adicoro ongko kalih gema wahyu ilahi

3.       Prakata pengurus madin

4.       Adicoro ongko sekawan inti pengaosan( maungidotul khasanah )

5.       Adicoro ongko gangsal doa penutup.

Gandeng wekdalipun sampun dumugi wancinipun monggo kito bikak pengaosan meniko kanti waosan umul kitab kanti kawulo derekaken.ila hadrotinabiyil musthofa sholalohu ‘alaihi wasalam walihi wazwajihi lahumul fatihah....

Mugi-mugi atas waosan umul kitab meniko pengaosan saged sempurno mboten wonten alangan setunggal menopo. Amiin.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko kalih inggih puniko gema wahyu ilahi ingkang bade dipun ayahi dening ananda dela fitriana,dumateng panjenenganipun kawulo nyumanggaaken..

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko tigo inggih meniko prakata panitia,sekaligus laporan pengurus madin irsyadul’awwam, ingkang bade dipun ayahi dening ................ Dumateng .................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko .......... inggih meniko inti (maungidotul khasanah ) Dipun terasaken doa Penutup,ingkag bade dipun ayahi dening Almukarrom Al Ustadz achmad Prayitno. Dumateng Al Ustadz achmad Prayitno, kawulo sumangga aken.

Matur nuwun,muslimin muslimat rohima kumulloh,monggo pengaosan ndalupuniko kito tutup kalian waosan hamdalah,,alhamdulilah hirobbil’alamiin,,, kawulo minongko pranoto acara mbok bilih wonten klinta klintunipun tata tembung kawulo nyuwun sih gunging samudro pangek sami. lan kawulo akhiri Asslaamualaikum warohmatullahi wabarokaatu.

 Dumateng Al Ustadz achmad Prayitno, kawulo sumangga aken.

Hadrotul kirom walmukhtarom poro ‘alim ‘ulama, poro sepuh tuwin pinisepuh, wabil khusus dumateng almukarrom Bapak KH. Ahmad Muzamil Hisyam, Bpk KH Ahmad Musta’id Billah, Bpk KH. Afif Sujari ingkang tansah kawulo ta’dzimi lan ugi ingkang tansah kawulo adong-adong sembur pandonganipun.

Dumateng Bpk. KH. Ridwan Sururi, Pengasuh Ponpes An-Nur Kedungbanteng, Purwokerto ingkang tansah kawulo hormati lan kawulo adong-adong mau’idotul hasanahipun.

Dumateng pengurus Madin Al-Irsyad, ustadz-ustadzah Madin Al-Irsyad Kalijaran ingkang tansah kawulo hormati.

Dumateng aparatur pemerintahan Bapak Bupati Purbalingga beserta unsur Muspida-nipun, Bpk. Camat Karanganyar beserta unsur Muspika-nipun, Bapak Kepala Desa Kalijaran beserta perangkatipun ingkang tansah kawulo hormati.

Dumateng Bapak/Ibu wali santri Madin Al-Irsyad, Bapak-bapak, ibu-ibu, poro pilengah sedoyo kaum muslimin muslimat rohimakumulloh.

Mboten supe dumateng panitia adicoro pengaosan dalam rangka Haflah Akhirussanah Wattasyakur Lil Ihtitam ingkang tansah kawulo hormati.

Sepisanan monggo kito nguntapaken raos syukur dumateng ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring ma pinten-pinten kanikmatan, kanikmatan iman lan Islam, ugi kanikmatan sehat sahinggo wonten ing kesempatan ndalu meniko, kito sedoyo saged sesarengan silaturahmi angrawuhi pengaosan rangka Haflah Akhirussanah Wattasyakur Lil Ihtitam Madin Al-Irsyad Desa Kalijaran kanthi mboten wonten alangan satunggal punopo bi kaulina Alhamdulillahirobbil ‘alamin.

Sholawat soho salamipun Allah mugio tansah konjuk dumateng ngarsonipun piyagung Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun mbekto umatipun saking alam jahiliyah dumugi alam islamiyah meniko, Nabi ingkang bade nyafa’ati dumateng umatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Lan mugi-mugi kito sedoyo tergolong umat ingkang pikantuk safa’atipun Gusti Rosulullah SAW, Amiin allohuma amiin.

Hadirin khadirot kaum muslimin muslimat rohimakumulloh .....

Adicoro pengaosan dalam rangka Haflah Akhirussanah Wattasyakur Lil Ihtitam Madin Al-Irsyad Desa Kalijaran tanggal 10 Sya’ban 1433 H ingkang bertepatan kaliyan tanggal 29 Juni 2012 M bade kawiwitan, anaging saderenge kawiwitan kawulo bade maosaken rantaman adicoronipun :

1.       Adicoro sepisanan inggih meniko pembukaan.

2.       Adicoro ongko kalih waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an

3.       Adicoro ongko tigo sambutan-sambutan

4.       Adicoro ongko sekawan inti ( maungidotul khasanah )

5.       Adicoro ongko gangsal doa penutup.

Gandeng sampun dumugi wancinipun, monggo kito bikak adicoro pengaosan meniko kanti waosan umul kitab kanti kawulo derekaken

Mugi-mugi kanti waosan umul kitab, pengaosan ing ndalu meniko saged pinaringan lancar mboten wonten alangan setunggal menopo. Amiin.

Hadirin hadirot kaum muslimin muslimat rohimakumullah

Adicoro ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, inkang bade dipun ayahi dening sederek ..................................... Dumateng .................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun

Adicoro ongko tigo inggih meniko sambutan-sambutan, ewondene sambutan ingkang Sepisanan inggih meniko sambutan saking panitia penyelenggara, dumateng Bapak Ustadz Imam Basrowi kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, sambutan ongko kalih inggih meniko sambutan saking atas nami pengurus lan wali santri Madin Al-Irsyad Desa Kalijaran, dumateng Bapak H. Achmad Muchlis, BA kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, sambutan ongko tigo saking aparatur pemerintahan, Dumateng Bupati Purbalingga Bpk. H. Heru Sudjatmoko, M.Si kawulo sumangga aken.

Matur nuwun

Sa’derengipun adicoro dipun terasaken, wekdal kawulo SKORS rumiyin. Dumateng petugas konsumsi, supados melaksanakan tugasipun.

SKORS Kawulo cabut

Adicoro saterasipun inggih meniko maungidotul khasanah ingkang diterasaken do’a penutup ingkang bade dipun ayahi dening Almukarrom KH. Ridwan Sururi, Pengasuh Ponpes An-Nur Kedungbanteng, Purwokerto.

Ananging saderengipun maungidotul khasanah kawiwitan, kawulo minongko pranoto adicoro mbok bilih wonten klinta klintunipun tata tembung, kawulo nyuwun sih gunging samudro pangak sami. lan kawulo akhiri Wabillahitaufiq wal hidayah Wal ‘affu mingkum Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Dumateng Almukarrom KH. Ridwan Sururi kawulo sumangga aken.

Dumateng poro ‘alim ‘ulama, poro sepuh tuwin binisepuh, wabil khusus dumateng almukarrom romo / Bapak Ustad Achmad  ............................ saking Ponpes ............................ ingkang tansah kawulo mulyaaken lan ingkang tansah kawulo adong-adong fatwanipun.

Dumateng Bapak/ Ibu, aparatur pemerintahan wabil khusus dumateng Bapak / Ibu ............................ selaku Kepala Desa Desa ...........................

Ingkang tansah kawulo hormati dumateng poro tamu undaangan, Bapak-bapak ibu-ibu poro pilengah sedoyo kaum muslimin muslimat santri putra dan santri putri ingkang tansah kawulo hormati.

Mboten supe dumateng panitia adicoro pengaosan dalam rangka ....................... ingkang tansah kawulo hormati.

Sepisanan monggo kito nguntapaken raos syukur dumateng ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, setengah saking kanikmatan meniko kito sedoyo teksih pun paringi kesehatan, kewarasan, hidayah, iman lan islampun. Kanti kenikmatan kolo wau kito saged karoyo-royo makempal wonten ing majlis meniko kanti mboten wonten alangan setunggal menopo. Lan mugi-mugi iman islam kito sedoyo saged tansah langgeng istiqomah awit saking alam dunya dumugi mbenjang wonten ing akhiroh. Allohuma amiin.

Sholawat soho salamipun Allah mugio tansah konjuk dumateng ngarsonipun piyagung Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah mbekto kito saking alam jahiliyah dumugi alam islamiyah meniko, Ingkang bade nyafa’ati dumateng umatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Lan mugi-mugi kito sedoyo saged tergolong umat ingkang pikantuk safa’atipun Gusti Rosulullah SAW mbenjang wonten ing yaumul qiyamah, Amiin allohuma amiin.

Hadirin khadirot kaum muslimin muslimat rohimakumulloh .....

Adicoro pengaosan dalam rangka ....................... tanggal ............................ sasi ................... tahun ........ Hijriyah, bertepatan kaliyan tanggal .................... sasi ............................ tahun ................... Masehi bade kawiwitan, anaging saderenge kawiwitan kawulo bade maosaken rantaman adicoronipun :

6.       Adicoro sepisanan inggih meneiko pembukaan.

7.       Adicoro ongko kalih prakata panitia

8.       Adicoro ongko tigo sambutan-sambutan

9.       Adicoro ongko sekawan inti ( maungidotul khasanah )

10.   Adicoro ongko gangsal doa penutup.

Gandeng wekdalipun sampun dumugi wancinipun monggo kito bikak pengaosan meniko kanti waosan umul kitab kanti kawulo derekaken

Mugi-mugi atas waosan umul kitab meniko pengaosan saged sempurno mboten wonten alangan setunggal menopo. Amiin.

Hadirin hadirot rohimakumulloh teksih wonten ing sa’lebetipun pembukaan inggih meniko waosan ayat suci Al Qur’an dipun terasaken waosan sholawat. Inkang bade dipun ayahi dening sederek ........... Dumateng .................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko kalih inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun ayahi dening ................ Dumateng .................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko tigo inggih meniko sambutan-sambutan, ewondene sambutan ingkang : Sepisanan saking .................................. selaku tokoh masyarakat / sesepuh desa ................... Dumateng .................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, mbikak sambutan ongko kalih inggih meniko sambutan saking aparat pemerintahan, ingkag bade dipun ayahi dening bapak / ibu kepala desa .................... Dumateng ...................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, mbikak sambutan ongko ............................

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko sekawan inggih meniko inti (maungidotul khasanah ) ingkag bade dipun ayahi dening Almukarrom Bpk KH ............................ selaku pengasuh PP / majlis ta’lim .................... Dumateng Bapak KH ..................................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko gangsal inggih meniko doa penutup, ingkag bade dipun ayahi dening Bpk KH ............................ , saderengipun  waosan doa kawulo minongko pranoto acara mbok bilih wonten klinta klintunipun tata tembung kawulo nyuwun sih gunging samudro pangek sami. lan kawulo akhiri ...........................................

Dumateng Bapak KH ..................................... kawulo sumangga aken.

Hadrotul kirom walmukhtarom poro ‘alim ‘ulama, poro sepuh tuwin pinisepuh, wabil khusus dumateng almukarrom Bapak KH. Ahmad Muzamil Hisyam, Bpk KH Ahmad Musta’id Billah, Bpk KH. Afif Sujari ingkang tansah kawulo ta’dzimi lan ugi ingkang tansah kawulo adong-adong sembur pandonganipun.

Dumateng Bpk. KH. Ridwan Sururi, Pengasuh Ponpes An-Nur Kedungbanteng, Purwokerto ingkang tansah kawulo hormati lan kawulo adong-adong mau’idotul hasanahipun.

Dumateng pengurus Madin Al-Irsyad, ustadz-ustadzah Madin Al-Irsyad Kalijaran ingkang tansah kawulo hormati.

Dumateng aparatur pemerintahan Bapak Bupati Purbalingga beserta unsur Muspida-nipun, Bpk. Camat Karanganyar beserta unsur Muspika-nipun, Bapak Kepala Desa Kalijaran beserta perangkatipun ingkang tansah kawulo hormati.

Dumateng Bapak/Ibu wali santri Madin Al-Irsyad, Bapak-bapak, ibu-ibu, poro pilengah sedoyo kaum muslimin muslimat rohimakumulloh.

Mboten supe dumateng panitia adicoro pengaosan dalam rangka Haflah Akhirussanah Wattasyakur Lil Ihtitam ingkang tansah kawulo hormati.

Sepisanan monggo kito nguntapaken raos syukur dumateng ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring ma pinten-pinten kanikmatan, kanikmatan iman lan Islam, ugi kanikmatan sehat sahinggo wonten ing kesempatan ndalu meniko, kito sedoyo saged sesarengan silaturahmi angrawuhi pengaosan rangka Haflah Akhirussanah Wattasyakur Lil Ihtitam Madin Al-Irsyad Desa Kalijaran kanthi mboten wonten alangan satunggal punopo bi kaulina Alhamdulillahirobbil ‘alamin.

Sholawat soho salamipun Allah mugio tansah konjuk dumateng ngarsonipun piyagung Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun mbekto umatipun saking alam jahiliyah dumugi alam islamiyah meniko, Nabi ingkang bade nyafa’ati dumateng umatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Lan mugi-mugi kito sedoyo tergolong umat ingkang pikantuk safa’atipun Gusti Rosulullah SAW, Amiin allohuma amiin.

Hadirin khadirot kaum muslimin muslimat rohimakumulloh .....

Adicoro pengaosan dalam rangka Haflah Akhirussanah Wattasyakur Lil Ihtitam Madin Al-Irsyad Desa Kalijaran tanggal 10 Sya’ban 1433 H ingkang bertepatan kaliyan tanggal 29 Juni 2012 M bade kawiwitan, anaging saderenge kawiwitan kawulo bade maosaken rantaman adicoronipun :

6.       Adicoro sepisanan inggih meniko pembukaan.

7.       Adicoro ongko kalih waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an

8.       Adicoro ongko tigo sambutan-sambutan

9.       Adicoro ongko sekawan inti ( maungidotul khasanah )

10.   Adicoro ongko gangsal doa penutup.

Gandeng sampun dumugi wancinipun, monggo kito bikak adicoro pengaosan meniko kanti waosan umul kitab kanti kawulo derekaken

Mugi-mugi kanti waosan umul kitab, pengaosan ing ndalu meniko saged pinaringan lancar mboten wonten alangan setunggal menopo. Amiin.

Hadirin hadirot kaum muslimin muslimat rohimakumullah

Adicoro ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, inkang bade dipun ayahi dening sederek ..................................... Dumateng .................... kawulo sumangga aken.

Matur nuwun

Hadirin hadirot kaum muslimin muslimat rohimakumullah

Adicoro ongko tigo inggih meniko sambutan-sambutan, ewondene sambutan ingkang Sepisanan inggih meniko sambutan saking panitia penyelenggara, dumateng Bapak Ustadz Imam Basrowi kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, sambutan ongko kalih inggih meniko sambutan saking atas nami pengurus lan wali santri Madin Al-Irsyad Desa Kalijaran, dumateng Bapak H. Achmad Muchlis, BA kawulo sumangga aken.

Matur nuwun, sambutan ongko tigo saking aparatur pemerintahan, Dumateng Bupati Purbalingga Bpk. H. Heru Sudjatmoko, M.Si kawulo sumangga aken.

Matur nuwun

Sa’derengipun adicoro dipun terasaken, wekdal kawulo SKORS rumiyin. Dumateng petugas konsumsi, supados melaksanakan tugasipun.

SKORS Kawulo cabut

Matur nuwun

Hadirin hadirot kaum muslimin muslimat rohimakumullah

Adicoro saterasipun inggih meniko maungidotul khasanah ingkang diterasaken do’a penutup ingkang bade dipun ayahi dening Almukarrom KH. Ridwan Sururi, Pengasuh Ponpes An-Nur Kedungbanteng, Purwokerto.

Ananging saderengipun maungidotul khasanah kawiwitan, kawulo minongko pranoto adicoro mbok bilih wonten klinta klintunipun tata tembung, kawulo nyuwun sih gunging samudro pangak sami. lan kawulo akhiri Wabillahitaufiq wal hidayah Wal ‘affu mingkum Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Dumateng Almukarrom KH. Ridwan Sururi kawulo sumangga aken.

Peringatan isro mi’raj

الحمد لله رب العا لمين والصلاة والسلم على اشرف الانبياء والمرسلين وعلى اله وصحبه اخمعين امبعد

Dumateng poro ‘alim ‘ulama, poro kiyai, ustadz, ustadzah, ingkang tansah kawulo ta’dzimi,poro sepuh tuwin pinesepuh,ingkang tansah kawulo mulya aken,  dumateng Ustadz Ahmad Prayitno ingkang tansah kawulo adong adong mau’idlotul hasahipun, dumateng  Kepala desa Sidanegara sa’perangkatipun ingkang tansah kawulo mulyaaken, Dumateng rois syuriah NU ranting sidanegara ,Ketua tanfidziyyah ugi jajaran ranting NU desa sidanegara ,Ketua Muslimat NU ,Fatayat, Ansor soho sahabat sahabt ansor banser igkang tansah kawulo hormati, sumambrah kaum muslimin muslimat rohima kumulloh.

Sepisanan monggo kito nguntapaken raos syukur dumateng ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, setengah saking kanikmatan meniko kito sedoyo teksih pun paringi kesehatan, kewarasan, hidayah, iman lan islampun. Kanti kenikmatan kolo wau kito saged karoyo-royo makempal wonten ing majlis meniko kanti mboten wonten alangan setunggal menopo. Lan mugi-mugi iman islam kito sedoyo saged tansah langgeng istiqomah awit saking alam dunya dumugi mbenjang wonten ing akhiroh. Allohuma amiin.

Sholawat sarto salamipun Allah mugio tansah konjuk dumateng ngarsonipun piyagung Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah mbekto kito saking alam jahiliyah dumugi alam islamiyah meniko, Ingkang bade nyafa’ati dumateng umatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Lan mugi-mugi kito sedoyo saged tergolong umat ingkang pikantuk safa’atipun Gusti Rosulullah SAW mbenjang wonten ing yaumul qiyamah, Amiin allohuma amiin.

Hadirin khadirot kaum muslimin muslimat rohimakumulloh .....

Adicoro pengaosan mengeti Isro wal mi’roj Nabi Muhammad s.a.w dinten ahad,tanggal 17 sasi Rajab tahun1441 Hijriyah, bertepatan kaliyan tanggal 24 sasi Maret tahun 2019 Masehi bade kawiwitan, anaging saderengipun, kawulo bade maosaken rantaman adicoronipun :

1.       Adicoro sepisanan inggih meneiko pembukaan.

2.       Adicoro ongko kalih gema wahyu ilahi

3.       Prakata Panitia

4.       Sambutan sambutan

5.       Adicoro ongko sekawan inti pengaosan( maungidotul khasanah )

6.       Adicoro ongko gangsal doa penutup.

Gandeng wekdalipun sampun dumugi wancinipun monggo kito bikak pengaosan meniko kanti waosan umul kitab kanti kawulo derekaken.ila hadrotinabiyil musthofa sholalohu ‘alaihi wasalam walihi waazwajihi lahumul fatihah....

Mugi-mugi atas waosan umul kitab meniko pengaosan saged sempurno mboten wonten alangan setunggal menopo. Amiin.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko kalih inggih puniko gema wahyu ilahi ingkang bade dipun ayahi dening sahabat Munawaroh, dumateng panjenenganipun kawulo nyumanggaaken..

Maturnuwun, mbikak adicoro ongko tigo inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun ayahi dening sahabat Suryati, Dumateng Panjenenganipun kawulo nyumangga aken.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko Sekawan inggih meniko sambutan sambutan:

Sambutan ingkang ongko setunggal bade dipun ayahi dening ketua PAC fatayat Kec.kaligondang dumateng ................................kawulo nyumangga aken.

Maturnuwun.

Kaum muslimin muslimat ingkang tansah kawulo mulyaken, sambutan ingkang kaping kalih saking Ketua tanfidziyah ranting NU desa sidanegara, dumateng Bpk.Muhammad Syamsul Mukhtar wekdal kawulo nyumanggaaken.

Maturnuwun, Kaum muslimin muslimat ingkang tansah kawulo mulyaken. Sambutan ingkang kaping tigo saking Kepala desa Sidanegara , dumateng panjennganipun Bpk.Paryono wekdal sacekapipun kawulo nyumonggoaken...

Maturnuwun. Kaum muslimin muslimat ingkang tansah kawulo mulyaken.

Adicoro ingakang kaping gangsal inggih puniko inti pengaosan

(maungidotul khasanah ) Dipun terasaken doa Penutup,ingkag bade dipun ayahi dening Almukarrom Al Ustadz achmad Prayitno. Ananging sederengipun initi pengaosan, kawulo minongko pranoto acara mbok bilih wonten klinta klintunipun tata tembung kawulo nyuwun sih gunging samudro pangek sami. lan kawulo akhiri Asslaamualaikum warohmatullahi wabarokaatu.

 Dumateng Al Ustadz achmad Prayitno, kawulo sumangga aken.

Assaamualaikum wr wb

الحمد لله رب العا لمين والصلاة والسلم على اشرف

الانبياء والمرسلين وعلى اله وصحبه اخمعين امبعد

Dumateng poro ‘alim ‘ulama, poro kiyai, ustadz, ustadzah, ingkang tansah kawulo ta’dzimi,poro sepuh tuwin pinesepuh,ingkang tansah kawulo mulya aken,  dumateng Ustadzah Maratussholihah,S.Pd.I ingkang tansah kawulo adong adong mau’idlotul hasahipun, dumateng  Kepala desa Sidanegara sa’perangkatipun ingkang tansah kawulo mulyaaken, Dumateng rois syuriah NU ranting sidanegara ,Ketua tanfidziyyah ugi Banomipun ranting NU desa sidanegara ingkang tansah kawulo hormati, sumambrah kaum muslimin muslimat rohima kumulloh.

Sepisanan monggo kito nguntapaken raos syukur dumateng ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, setengah saking kanikmatan meniko kito sedoyo teksih pun paringi kesehatan, kewarasan, hidayah, iman lan islampun. Kanti kenikmatan kolo wau kito saged karoyo-royo makempal wonten ing majlis meniko kanti mboten wonten alangan setunggal menopo. Lan mugi-mugi iman islam kito sedoyo saged tansah langgeng istiqomah awit saking alam dunya dumugi mbenjang wonten ing akhiroh. Allohuma amiin.

Sholawat sarto salamipun Allah mugio tansah konjuk dumateng ngarsonipun piyagung Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah mbekto kito saking alam jahiliyah dumugi alam islamiyah meniko, Ingkang bade nyafa’ati dumateng umatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Lan mugi-mugi kito sedoyo saged tergolong umat ingkang pikantuk safa’atipun Gusti Rosulullah SAW mbenjang wonten ing yaumul qiyamah, Amiin allohuma amiin.

Hadirin khadirot kaum muslimin muslimat rohimakumulloh .....

Adicoro pengaosan Halal bi halal sekaligus Silaturahmi dinten Jumat,tanggal 10 sasi Syawal tahun1440 Hijriyah, bertepatan kaliyan tanggal 14 sasi Maret tahun 2019 Masehi bade kawiwitan, anaging saderengipun, kawulo bade maosaken rantaman adicoronipun :

1.     Adicoro sepisanan inggih meneiko pembukaan.

2.     Adicoro ongko kalih gema wahyu ilahi

3.     Prakata Panitia

4.     Sambutan sambutan

5.     Adicoro ongko sekawan inti pengaosan( maungidotul khasanah )

6.     Adicoro ongko gangsal doa penutup.

Gandeng wekdalipun sampun dumugi wancinipun monggo kito bikak pengaosan meniko kanti waosan umul kitab kanti kawulo derekaken.ila hadrotinabiyil musthofa sholalohu ‘alaihi wasalam walihi waazwajihi lahumul fatihah....

Mugi-mugi atas waosan umul kitab meniko pengaosan saged sempurno mboten wonten alangan setunggal menopo. Amiin.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko kalih inggih puniko gema wahyu ilahi ingkang bade dipun ayahi dening ........................., dumateng panjenenganipun kawulo nyumanggaaken..

Maturnuwun, mbikak adicoro ongko tigo inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun ayahi dening ......................, Dumateng Panjenenganipun kawulo nyumangga aken.

Matur nuwun, mbikak adicoro ongko Sekawan inggih meniko sambutan sambutan:

Sambutan ingkang ongko setunggal bade dipun ayahi dening................................dumateng panjenenganiun kawulo nyumangga aken.

Maturnuwun.

.

Maturnuwun, Kaum muslimin muslimat ingkang tansah kawulo mulyaken. Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala desa Sidanegara , dumateng panjennganipun Bpk.Paryono wekdal sacekapipun kawulo nyumonggoaken...

Maturnuwun. Kaum muslimin muslimat ingkang tansah kawulo mulyaken.

Adicoro ingakang kaping gangsal inggih puniko inti pengaosan

(maungidotul khasanah ) Dipun terasaken doa Penutup,ingkang bade dipun ayahi dening Almukarrom Al Ustadzah Maratussholihah saking banjarnegara. Ananging sederengipun initi pengaosan, kawulo minongko pranoto acara mbok bilih wonten klinta klintunipun tata tembung kawulo nyuwun sih gunging samudro pangek sami. lan kawulo akhiri Asslaamualaikum warohmatullahi wabarokaatu.

 Dumateng Al Ustadz Maratussholihah, S.Pd.I, kawulo sumangga aken.